
anak lanang - ndarboy genk lyrics
anakku lir bagaskara
gumebyare gawe tentreming ati
pawelinge rama ibu, laku becik tindakna
aja lali budi pakerti kang luhur
dadi satriyaning bangsa
tan ngendhak gunaning janmi
biyen omahku gedek
trocoh yen udan bledek
bapak kerjo yen mung ono proyek
biyen durung kramikan
arep turu adem kanginan
penting saben dino iso mangan
saiki aku wes gede
iso golek duit dewe
senajan biyen mung iso nyusahke
pak’e buk’e ngapurane
saiki aku wis kerjo
senajan uripku rekoso
ikhlas bekti kanggo keluargo
aku iki anak lanang
kerjoku mung turut dalan
mugo iso mulyakke drajate keluargo
pak’e bu’e rekasane
ngrawat aku kanti gede
cen kathah luputku
kulo nyuwun pangestu
biyen durung kramikan
arep turu adem kanginan
penting saben dino iso mangan
saiki aku wes gede
iso golek duit dewe
senajan biyen mung iso nyusahke
pak’e buk’e ngapurane
saiki aku wis kerjo
senajan uripku rekoso
ikhlas bekti kanggo keluargo
aku iki anak lanang, kerjoku mung turut dalan
mugo iso mulyakke drajate keluargo
pak’e bu’e rekasane, ngrawat aku kanti gede
cen kathah luputku, kulo nyuwun pangestu
cen kathah luputku, kulo nyuwun pangestu
kathah klenta klentu, kulo nyuwun dungo restu
biyen pedhot sekolah mergo kahanane susah
weling bapak dadi wong sing genah
Random Song Lyrics :
- 연가 (love song) - insooni lyrics
- rat infested hut - claim the throne lyrics
- kopibich - whotfisart lyrics
- gold af freestyle - rjldiablo lyrics
- home again - taskforce lyrics
- the garden - beau corbeau lyrics
- walk on the wild side - dave's true story lyrics
- mintea mea - ellie white lyrics
- drilling - fahda romie lyrics
- 내일은 오니까 (tomorrow will come) - paloalto & the quiett lyrics