lirikcinta.com
a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z 0 1 2 3 4 5 6 7 8 9 #

lirik lagu marana (megatruh) – kalacakra

Loading...

matane sayu kembange wes layu
dadane ndredeg napase mbeseseg
kelingan laku ra sempet katuju

raga ra kuat ilate wes kaku

raga kabeh panas
nyawa wayah pungkas
raga kabeh panas
nyawa wayah pungkas

cahya paras surup
sayup suara singup
tetah lirih nuntun
mantra donga penyuwun

weruhana sejatining urip
urip ana jroning alam ndonya
aja sombong aja duraka
nek ora pengen dadi cilaka
yen sira ora ngerti sampurnaning urip
yen sira ora ngerti sampurnaning urip
tangeh lamun sira bisa ngerti sampurnaning pati

duh gusti kang maha suci
nyuwun bali paringi cahya kang suci

(wis teko ing pati)
aku tobat
(sumelehing ratri)

rasa mati tinggal sak nyari
kula nyuwun alus e mati

raga wis ora aji
katinggal
ruh kang wus suci
jiwane kamulyan
lelungan
ruwet kadonyan

badan tutup mori
nyawiji
ing lebet siti
sumebaring sekar
paesan
cengkir kang sigar

raga wis ora aji
katinggal
ruh kang wus suci
jiwane kamulyan
lelungan
ruwet kadonyan

badan tutup mori
nyawiji
ing lebet siti
sumebaring sekar
paesan
cengkir kang sigar

lirik lagu lainnya :

YANG LAGI NGE-TRENDS...

Loading...