lirikcinta.com
a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z 0 1 2 3 4 5 6 7 8 9 #

lirik lagu lelakon tresno – prigel anjarwening

Loading...

separuh nyawaku lunga ninggalake aku
seprene ana ngendi paranmu
lunga tanpa pamit ninggalke crita sing pahit
keracun batinku kepingin jerit

lereng arga wilis dadi saksi gonku nangis
rasane ati kaya diiris
neng kutha kediri isih tak simpen neng ati
janjimu nalika neng sekartaji

kaya sumendale nyawa kang cinabut saka raga
kowe pamit lunga megat tali tresna
angrusak tali akrama, kowe lali kowe cidra
kowe kepincut marang nafsune durjana

tak lerem atiku senadyan kesiksa batinku
aku percaya marang gustiku
yen wis t-tiwanci jagad madangi atimu
jembare samudra pangapuraku

lirik lagu lainnya :

YANG LAGI NGE-TRENDS...

Loading...