lirik lagu kudu misuh – ratna antika
cobo to gagasen lelakonku iki
ra ono senenge, susah sing tak temoni
ngolah ngaleh gawean, kabeh ra nate ngunduh
dino dino isine mung kudu misuh, eh embuh
nyobo nggarap sawah tinggalane wong tuaku
nggumunku saben tandur rego rabuke duwur
bareng tibo panen rego gabahe medun
kabeh modal utangan ora biso kesaur, hei ajur
sawah tak dol murah, aku nyicil angkudes
lagi nyopir seminggu, rego bensine ngenthes
tarif tak mundakne, penumpang nggerudel ae
kerep telat oli, rusak ring sak methale, hoee kere
montor nggangkrak neng bengkel, ra biso ogel ogel
rasane uripku mung kari thengel*thengel
nyepi nang kuburan, golek tembusan togel
nomer ngeblong terus, aku tambah dedel duel, hoee mbredel
kabeh dalan wis buntu, aku nekat mbandar dadu
durung ono sing udu, keamanan wis njaluk sangu
ono oknum tentara, ono oknum polisi
obrakan wingi wingi wis kerep tak sangoni
bareng prei ra nyangoni aku diseret nang bui
diganjar pitung sasi, misuh sakjroning ati
kabeh dalan wis buntu, aku nekat mbandar dadu
durung ono sing udu, keamanan wis njaluk sangu
ono oknum tentara, ono oknum polisi
obrakan wingi wingi wis kerep tak sangoni
bareng prei ra nyangoni aku diseret nang bui
diganjar pitung sasi, misuh sakjroning ati
lirik lagu lainnya :
- kumpulan lirik lagu ricardo padua › lirik lagu out of my mind – ricardo padua
- kumpulan lirik lagu cannibal corpse › lirik lagu surround, kill, devour – cannibal corpse
- kumpulan lirik lagu la gran manzana › lirik lagu tus besos – la gran manzana
- kumpulan lirik lagu hampe › lirik lagu gang gang – hampe
- kumpulan lirik lagu carlos edwards › lirik lagu sour times – carlos edwards
- kumpulan lirik lagu carlos vives › lirik lagu canción bonita (part. ricky martin) – carlos vives
- kumpulan lirik lagu apotheosis ita › lirik lagu verrà la morte – apotheosis (ita)
- kumpulan lirik lagu iyah may › lirik lagu xo girl – iyah may
- kumpulan lirik lagu nba josh › lirik lagu sad days – nba josh
- kumpulan lirik lagu lasso micro tdh › lirik lagu me arruinaste netflix – lasso & micro tdh