lirikcinta.com
a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z 0 1 2 3 4 5 6 7 8 9 #

lirik lagu udan iseh banyu – redsox dpr

Loading...

udan iseh banyu
sing tibone ngelingke aku marang sliramu
koe sing tau neng uripku

langit iseh mendung
roso kelangan neng ati raiso tak bendung
mergo lungomu musnahke kabeh impenku

aku uwes kondo, sayang
nek wes ora tresno ngomongo
daripada kepekso, anane yo mung cidro
malah akhire muspro

ibarat koco sing wes pecah
angel ditoto, wes raiso podo
semono ugo atiku sing wes tok gawe tatu
mergo lamis lambemu

suoro udan ning njobo
nambahi roso kuciwo lan cidro
udan iseh banyu

bar tibo udan terus ono pelangi
warnane cerah, ketok ning moto iki
terus terusne anggonmu le ngapusi
suwe suwe aku bakale ngerti

nek meh pisan mbok ayo gek ndang pisah
aku siap anane yo mung siap
perkoro jodo tak pasrahke neng gusti
hasil akhir kuwi gusti sing ngijabahi

ibarat koco sing wes pecah
angel ditoto, wes raiso podo
semono ugo atiku sing wes tok gawe tatu
mergo lamis, lamis lambemu

suoro udan ning njobo
nambahi roso kuciwo lan cidro
udan iseh banyu, musnahke kabeh impenku

lirik lagu lainnya :

YANG LAGI NGE-TRENDS...

Loading...